Jumat, 10 Juni 2016

Hati yang bersih : ati kang resik

Allah SWT wis paring pinesten, kulo sampeyan nglewati alam arwah, nglewati alam kandungan, sak iki  kulo  sampeyan manggon ning  alam  ndonyo,  sedelok meneh kulo sampeyan kabeh mesti mlebu  marang alam sakaratul maut, banjur  kulo  sampeyan mlebu ning alam kubur, banjur mlebu ning alam qiamat, banjur  mlebu ning  alam kebangkitan, nuli mlebu  ning alam pertanggung jawabane awak dewe-dewe, terakhir kulo sampeyan mlebu ning alam akhirat, yoiku alam penentuan/keputusan terakhir,  bakal manggon ning suwargo kang kepenak selawase opo mlebu neroko kang sengsoro selawase.

Alloh SWT aweh umur dowo kulo sampeyan kanggo nemoni wulan Romadhon sing bakal teko sesok iku, antarane supoyo kulo sampean gelem sinau menahan diri, ngeker/ngempet awak dewe. Kulo sampeyan wis podo weruh nek ngapusi  iku doso, tapi  yo mbendino isih ajeg do ngapusi. Kulo sampeyan weruh ghibah/ngrasani olo  iku koyo mangan  batange dulur dewe, tapi yo tetep do  nglakoni, Kulo sampeyan weruh nek  sholat tepat wektu lan  jamah ning mesjid musola iku duweni  kautamaan,  tapi  yo tetep wegah  nglakoni, Kulo sampeyan weruh nek ono  pirang-pirang perkoro sing  di larang  dening Alloh,  tapi  yo tetep wae do di  terak-terak. Kulo sampeyan weruh ono pirang-pirang perkoro kang  dadi  perintahe Alloh,  tapi  yo  tetep  do  wegah nglakoni.  Kulo sampeyan iki do wis weruh kabeh, Kulo sampeyan iki yo do wis sadar kabeh, tapi  kenopo  iso  koyo  ngonoiku? Sebabe opo? Salah sijine sebab kulo  sampeyan iki ora iso menahan diri, ora  iso ngeker ora isi ngempet awak dewe-dewe.

Nek kulo  sampean murid sekolah yo tetep wae isih nyontek, Nek kulo sampeyan guru yo tetep wae isih arang/wegah mulang, Nek kulo sampeyan pegawai yo  tetep wae  isih  korupsi, Nek kulo  sampean petani yo isih  wae jipui sing ora tandurane, Nek  kulo  sampeyan pedagang yo  isih wae ngapusi, nek kulo sampean pengusaha yo  isih wae ngidek-idek karyawane, Iso-iso coro kulo sampeyan sing ngunu iku ndadekno ora khalal, Ujung-ujunge penggaweane kulo sampeayan  yo  dadi  ora  khalal. Hasil utowo duwit  sing kulo  sampeyan entuk  yo  iso-iso ora khalal  akhire dadi  panganan  sing  mlebu ning  njerone weteng  awak dewe lan awake keluargane  kulo  sampean  kabeh. Yo pantes  nek  dongo-dongone  kulo  sampeyan  ora  bakal dikabulno karo gusti Alloh,  sebab  sing nemplek  ning  awak  kulo  sampeyan iki  ora ono  berkahe.

Doso-doso sing kulo  sampeyan lakoni  ngunuiku bakal nutupi  lan ngotori ati kulo  sampeyan. Kedadeane mengko kulo sampeyan ora duweni roso, ora nduweni  rumongso,  naliko nglakoni  doso-doso  mburine.  Nalikane kulo sampeyan  lagi  nglakoni  maksiyat  iso-iso  wektu  iku doso kulo  sampeyan sing ndisik  isih utoh okeh.
Songko iku kulo sampeyan, ayo podo ngakeh-akehi anggone  istighfar, ayo podo njaluk sepuro marang Alloh,  supoyo ati  kulo  lan  sampeyan dadi  resik. dawuhipun kanjeng Rosul: 

أَلاَ، وَإِنَّ فِي الْجَسَدِ مُضْغَةً إِذَا صَلَحَتْ صَلَحَ الْجَسَدُ كُلُّهُ، وَإِذَا فَسَدَتْ فَسَدَ الْجَسَدُ كُلُّهُ، أَلاَ وَهِيَ الْقَلْبُ.
“Mangertiyo, saktemene ning jerone awak iki ono sekepel  daging. Nek daging iku mau apik mongko dadi apik kabeh awake, lan nek daging mau rusak, mongko dadi rusak kabeh awake, Mangertiyo daging  iku mau yoiku ati”  (HR.Bukhari).
Dawuhipun  Alloh SWT :

يَوْمَ لاَيَنفَعُ مَالٌ وَلاَبَنُونَ إِلاَّ مَنْ أَتَى ِالله بِقَلْبٍ سَلِيم

“Suwijine dino sing bondo lan anak-anak ora duweni manfaat opo-opo, kejobo wong-wong sing madep marang Alloh  kanti   gowo  ati  kang resik” (Asy-Syu’ara` : 88 – 89)
Dawuhipun  Alloh SWT :
“Saktemene  Alloh cinta/seneng marang wong-wong  sing  podo  taubat  lan Alloh cinta/seneng marang wong-wong  sing  podo  nyucekno  awak”. (QS Al baqoroh : 222).

Sebab iku ayo podo berusaha sak kuwate tenogo do di resiki ati kulo sampeyan iki, sahinggo mbesok nek wayahe ketemu marang Alloh, ketemu marang kanjeng Rosul  kanti  gowo jiwo lan ati kang resik, ati kang suci.

Perkoro ati iki dadi  perkoro sing agung lan kedudukane banget mulyone, sahinggo Alloh SWT ngedukno kitab-kitab suciNe antarane yo kanggo  ngapi’I ati.  Alloh ngutus poro Rosul antarane yo kanggo nyucekno ati, ngresi’I ati lan ngapi’I ati. Ajaran sing paling gede sing di gowo kanjeng Rosul  intine yoiku ngapi’I ati,  Ora  ono  coro kanggo nyucekno lan ngapi’I ati kejobo coro sing wis di lakoni kanjeng Rosul, sebab  iku kulo sampeyan iso mahami nek  sak temene ati kulo lan sampeyan iki minongko dadi panggonane cahaya lan pituduhe Alloh SWT, sebab iku kulo sampeyan iso kenal Alloh, ngerteni Asmo-asmo lan sifat-sifate Alloh, iso ngrasakno, menghayati lan nglakoni syareate Alloh, iso nempuh perjalanan pinuju akhirote Alloh, sebab saktemene perjalanan pinuju Alloh SWT yoiku perjalanan ati ora perjalanan jasad.

Kautaman iku ora bakal iso diraih kanti akehe amal jasmani, ananging iso di raih kanti tuluse niyat sing bener marang  Alloh, sejalan karo sunnahe kanjeng Rosul lan kanti  akehe  ngelmu syareat  lan amalan atie kulo sampeyan.  Iki kabeh ndudohno, nek saktemene  dasare  iman lan kufur, pituduh lan sesat, untung lan nisto  tergantung  karo  opo sing di tandur ning jero atine kulo sampeyan kabeh.
(@kang_munif)
Share:

0 komentar:

Posting Komentar

Definition List

Unordered List

Support